Kamis, 13 Desember 2018

Yen Pancen Wes Jodo #2

Sampean ngomong.
Nek karo wonge ojo ngono cah.
Uwong ki bedo-bedo, enek sek iso nompo ngene enek sik ora iso nompo.
Terus aku kudu melu ngomong.
Lha iyo, cen uwong ki bedo kok, enek sek iso nompo ngene enek sek ora iso nompo ngono.

1. Pov Wonge
Wonge ki ora iso nek kon koyo koe koe kui, sek nek opo bae masalah ki kur digawe penak. Opo bae di anggep guyon. Ora iso nek kon koyo koe, ben wektu mung guyonan bae.
Wonge ki ora iso adaptasi karo koe nek koe gaweane guyon, opo meneh buli bulinan. Wonge ki wong terhormat, ojo nganti loro atine, ojo nganti koe nggawe loro atine wonge.

2. Pov aku(anis)
Lha iyo, wong ki bedo2. Awake dewe iki ra iso. Nek kon koyo wonge, opo bae masalah di lanjut2ke di rampungke ngasi akar2e. Wong nek gawe aku sakkonco ngono kui malah gawe canggung wong sek do due masalah. Mergane diantara wong loro utowo luwih kuwimau ning atine do ngroso ndue masalah, mergo wonge bar ngrampungke masalah. Berati enek masalah diantara wong 2 kui.
Wong aku sak konco yo udu wong apik sek iso menyelesaikan masalah tekan tuntas (konteks masalah batin), mergane sek dadi patok sek marakke tetep konconan guyub rukun ki gur roso ra kepenak.

Mboh neng njero atiku rasane kemrungsung mergo due masalah karo uwong, sek penting sek di tokke ning njobo : omong, isyarat mata, eseman, tetep tekan ning matane uwong sek adewe ndueni masalah, kudu ora kudu nekakke ning atine uwong kui mau, nek awakku dewe ki wes ora nggubris meneh wingi tau enek masalah, wes nglalekke nek wingi tau ono masalah, wes ora nesu pekno wingi tau di gawe loro ati.
Kur kui alat ku nek nek ono masalah.

Lha iyo bedo nek karo wonge. Aku udu wong sek ngelmune duwur, aku udu wong sek due pengetahuan sak akehe buih no segoro.
Aku gur wong ndeso sek gur iso ngrasakke. (Meski rosoku ra iso, ndulit atimu sak sithike).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Dengerin dong...

 Sambil nunggu spfood mie gacoanku, aku mau curhat dulu deh di sini. Pulang kerja tadi aku niatnya mau cerita ke pacarku, Fito, kalo semalem...